TEKS MC KEMERDEKAAN
MERDEKA………..MERDEKA…………MERDEKA
Assalamualaikum wr. Wb
Alhamdulilah hirobbil ngalamin
Asyhadualla illa hailaullah wahdahula syarikalah, wa asyhadu
ana muhammadan ngabduhu warassuluh
Allahhuma sholi’ala sayyidina Muhammad wa ‘ala alihi wa
shohbihi ajma’in ama baghdu
Wonten ngarsanipun IBU Dukuh Butuhan ingkang satuhu kulo hormati,
poro pepunden, poro pini sepuh ingkang dahat kinabekten
Wonten ngarsa nipun poro bapak ingkang kula hurmati wonten
ngarsanipun ikhwan soho akhwat ingkang kula tresnani, sumonggo panjenengan
sedoyo kulo dekeraken tansah ngunjukaken puji soho syukur dumateng ngarso dalem
allah SWT, nuninjih awit paringipun rahmat taufik soho hidayah dumateng kula
soho panjenengan sami, sahinggo kita saget ngrawuhi pengaajian remaja wonten
….(tempat pengajian)kanthi lir ing sambikala.
Salawat lan sallam mugiyo tansah katetepna dumateng
junjungan kita nabi Muhammad SAW, dumateng keluarganipin sahabatipun lan kita
minangka umatipun ingkang tansah nderekaken sunah-sunahipun sageto pikantuk safa’at ing yaumul akhir . amin ya
rabal alamin
Kula ing mriki, ingkang tinanggenah nderekaken adicoro
pengajian ing dalu punika, keparenga angaturaken rantamaning adicoro
ingkang badhe kalampah , nuninjih
Sepisan pambuka
Angka kalih atur pambagyo harjo
saking Bp …(pemilik rumah) ingkang samangkih dipun selirani
Bp ...(perwakilan dr pemilik rmh
yg di tunjuk)
ANGKA KALIH ATUR PANGANDIKAN SAKING KETua
AMUBA/AMM INGKANG BADHE DIPUN SLIRANI BP. SUPODO
Adicoro angka tiga pengaosan saking panjenenganipun bp. Ustad
/bp.......
Adicoro angka sekawan diskusi
Adicara angka gangsal sumene
Adicara angka enem panutup.
Gegandengan wekdal sampun dungkap dalu, sumonggo, pengaosan kita bikak
sesarengan kanthi waosan basmalah kula derekaken ‘”bismilah hirahman mirrahim”
matur nuwun mugi-mugi adicoro ing
dalu punika saged lumampah kanthi lancar lan sae.
Ngancik adi coro angka kalih, atur pangan dikan saking ketua amuba/AMM,
pramila wekdal kita aturaken dumateng bp/sdr…
(selesai sambutan)
Matur nuwun kita aturaken dumateng bp/sdr…
Adi coro ingkang angka tiga; pengaosan utawi tauziah; pramila dumeteng panjenenganipun usdat/bp…
wekdal soho sasono wicoro kula aturaken sak cekapipun
(selesai pengajian)
Matur nuwun dumateng ustad/bp… ingkang sampun paring tausiyah wonten ing
wekdal dalu punika mugi-mugi saged nambah iman soho taqwa kita wonten ngarsa
dalem Allah.SWT.
Adi coro sak lajengipun ; diskusi utawi pamundutan pirsa;
dumateng para sederek ingkang
ngersaaken nyuwun perso wekdal kula sumanggaaken
(selesai tny jwb)
Diskusi kita anggep cekap, adicoro sak lajengipun nunijih sumene pramila
dumateng sederek amuda kasuwun nyekapaken adicoro menika. Lan samangkeh
dumateng bp pariman(…) kasuwun mimpin doa unjuk soho dahar.
Poro bapak,soho poro sederek ingkang kulo hormati; mboten ateges ngirangi
kamardikan panjenengan sedoyo anggenipun ngunjuk soho dahar…..adicoro kito
lanjengaken
Titilaksono ongko enem nuninjih
panutup, anamung sakderengipun
pengaosan dalu meniko kito tutup, mbokbilih angge kulo nderekaken lampahing
adicoro saking purwo, madyo soho wusono kathah kalepatan soho
kekiranganipun, mawantu-wantu kulo
nyuwu agunging saudro pangaksami.
Sumonggo pengaosan ing dalu meniko kito tutup sesarengan kanthi doa
SUBHAANAKA ALLAAHUMMA WABIHAMDIKA ASYHADU ALLAA ILAAHA ILLAA ANTA
ASTAGHFIRUKA WA ATUBU ILAIK
Wabillahi taufik walhiddayah ,
wassalamu’alaikum wr wb.
MERDEKA………..MERDEKA…………MERDEKA
Assalamualaikum wr. Wb
Alhamdulilah hirobbil ngalamin
Asyhadualla illa hailaullah wahdahula syarikalah, wa asyhadu
ana muhammadan ngabduhu warassuluh
Allahhuma sholi’ala sayyidina Muhammad wa ‘ala alihi wa
shohbihi ajma’in ama baghdu
Wonten ngarsanipun
IBU Dukuh Butuhan ingkang satuhu kulo hormati,
Wonten ngarsanipun poro pepunden, poro pini sepuh ingkang
dahat kinabekten soho kulo hormati,
sedoyo wargo padukuhan butuhan ingkang kulo hormati….
Sumonggo, panjenengan
sedoyo kulo dereaken tansah muji syukur dumateng ngarso dalem Alloh SWT, ingkang
sampun mbabar barokah, taufik, hidayah…kesempatan soho kesarasan
…sahinggo kito sedoyo saget makempal ing papan puniko kanti lir ing sambikolo.
Boten kesupen ….solawat soho salam mugi tansah katetepno
dumateng junjungan kito…Nabi agung Muhammad..SAW, dumateng keluargo, poro
sohabat, lan kito minongko umatipun sageto pikantuk safangat ing yaumul akhir ….amiiin ya robbal ngalamin.
Poro rawuh ingkang
kinormatan, sakderengipun kulo nyuwun pangapunten kumowantun ngadeg ing ngarso
panjenengan sami…injih nuhoni saking keparengipun panitia pengetan dinten
kamardikan, negari Republik Indonesia ingkang
kaping pitungdoso, ing padukuhan butuhan kinen
nderekaken lampahing adicoro wonten ing wekdal dalu meniko.
Wondene adicoro ingkang bade kalampah nuninjih mekaten:
Sepisan
: pambuko
Kalih :
Atur pangandikan, saking ketua
panitia pengetan dinten kamardikan negari Indonesia kaping pitungndoso.
Kaping
tigo: lagu nasional ingkang samangkih dipun pandu mbak Emi
Kaping
sekawan : Atur sambutan saking ibu dukuh
Padukuhan Butuhaan
Kaping
gangsal : Pentas seni saking remaja lan
adik2 ing padukuhan butuhan, soho pembagian hadiah lomba pengetan 17 agustus .
Kaping
enem : DOA BERSAMA
Kaping
pitu : panutup , kalajengaken
pentas organ tunggal
Sagunging poro rawuh ingkang kulo hormati, sumonggo adicoro
ing dalu meniko enggal kito awiti.
Titilaksono ingkang sepisan , pambuko…dumateng poro rawuh
ingkang ngrasuk agami sanes islam kawicaksanan kasumanggaaken….wondene dumateng
hadirin ingkang ngrasuk agami islam…sumonggo adicoro pambuko kawiwitan kanthi
waosan Basmalah kulo derekaken…BISMILAHI
ROHAMNIR ROHIIM
Matur nuwun, …ngancik titilaksono ongko kalih, atur
pangandikan ketua panitia pengetan dinten kamardikan negari Indonesia ingkang
kaping 70…dumateng bpk Siswanto wekdal soho sasono woro kulo aturaken…
Matur nuwun kito aturaken dumateng bpk Siswanto…. Tumapaking
titilaksono kaping tigo
Sekar utawi lagu nasional
nuninjih Indonesia Raya, Hari Merdeka
soho Padamu Negeri, dumateng Mbak Emi kasuwun mandu minongko dirigen lan
dipun iringi music organ
tunggal.
Dumateng poro rawuh kasuwun jumeneng
lan nyanyi kanthi sesarengan.
……….kito aturaken sanget maturnuwun dumateng sedoyo poro rawuh ingkang
sampun kerso nyuantenaken lagu nasional.
Bapak ibu soho poro raruh, adicoro kaping sekawan ; atur pangandikan
saking ibu Dukuh Butuhan, dumateng Ibu Tri Zuniati wekdal papan soho sasono
woro kaaturaken….
Matur nuwun kito aturaken dumateng ibu Tri Zuniati ingkang sampun paring
atur pangandikan ing wekdal dalu meniko.
Adicoro saklajengipun …Pentas seni saking remaja lan adik2 Butuhan, soho
pembagian hadiah pemenang lomba, pramilo dumateng mas Brian soho Mbak emi
wekdal kito aturaken sakcekap ipun.
Mekaten wau pembagian hadiah soho pentas seni saking remaja soho adik2 ING
PADUKUHAN BUTUHAN, mugi saget damel remening manah kito sedoyo.
Adicoro ingkang kaping enem …Doa
bersama , kasuwun dumateng bpk Pariman supados mimpin ing adicoro
meniko..sumonggo
Kito aturaken matur nuwun dumateng
bpk pariman ingkang sampun kerso mimpin doa ,
Bapak ibu sagunging poro rawuh ingkang kinormatan…….adicor kaping pitu
nuninjih panutup
Sakderengipun adicoro meniko kito tutup
lan samangkeh kalajengaken hiburan organ tunggal... mbok bilih kathah
kalepatan anggen kulo matur nderek aken adicoro saking purwo, madyo soho wusono, kulo mawantu-wantu nyuwun agunging
pangapunten
Sumonggo adicoro meniko kito tutup sesarengan, dumateng poro rawuh igkang
ngrasuk agami islam kito maos tahmid sesarengan…..Alhamdulillahi robbil
ngalamin
Bilahi taufik walhidayah…….Wassalamu’alaikum wr wb.
MERDEKA …………MERDEKA………….MERDEKA